Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

25 November

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas X, XI, XII Semester 1 Kurikulum 2013/ KTSP 2017/2018

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas X, XI, XII Semester 1 Kurikulum 2013/ KTSP 2017/2018 ini adalah soal terbaru yang mungkin anda cari. Soal UAS Semester 1/ Ganjil yang saya bagikan ini ditujukan khusus untuk guru/ siswa jenjang SMA mata pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa. Untuk mendownload Soal Bahasa Jawa Kelas X, XI, XII ini, saya sudah sediakan tautan unduhan yang sudah disediakan dibawah, dapatkan juga berbagai Soal latihan uas untuk semua mata pelajaran pada artikel lainnya.

Dalam Soal Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Semester 1 ini, beberapa diantaranya sudah dilengkapi dengan Kunci Jawaban dan Pembahasannya. Kegiatan PAS (Penilaian Akhir Semester) atau yang kita kenal dengan istilah UAS (Ujian Akhir Semester) akan dilaksanakan tidak lama lagi yakni sekitar bulan Desember, untuk itu sebagai guru kita harus sudah mempersiapkan segalanya termasuk soal dan kisi kisi.

Soal Bahasa Jawa Kelas X, XI, XII Semester 1 Kurikulum 2013/ KTSP 2017/2018

Langsung saja, bagi anda yang ingin mendapatkan file ini, anda bisa mendownloadnya melalui link yang sudah disediakan dibawah ini.

09 September

Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 7 SMP/MTs Semester 1


Pada kesempatan kali ini akan kami bagikan contoh latihan Soal UTS / Ulangan Tengah Semester 1 (Ganjil) Kelas 7 / VII SMP / MTs Mapel Bahasa Jawa. Dan berikut ini contoh soalnya.


Wacana ing ngisor iki wacanen kang setiti, sabanjure wangsulana pitakon no. 1 s/d 40 kanthi milih salah siji wangsulan sing paling bener !

JAKA THOLE
Ing kraton Majapahit ana sawijining nom-noman kang asale saka medura dadi prajurit, arane Jaka Thole. Dheweke kawentar amarga kasektene. Nalika Lawang kraton ucul saka kusene, Jaka Thole kanthi kasektene bisa mbenerke sanajan Lawang iku abot banget. Mula saka iku dheweke di tresnani banget dening sang Raja lan kerep diparingi bebungah awujud apa wae.

Kaanan kang mangkono iku ndadekake ana prajurit liyane kang meri marang Jaka Thole. Prajurit iku gawe rekadaya mitnah Jaka Thole ana ing ngarsane sang Raja.
“ Nuwun sewu sinuwun, sowan kula ing ngriki badhe matur bab kawontenanipun Jaka Thole.”
“ Ana apa ta ?” pamundhute sang Raja rada bingung.
“ Sajatosipun Jaka Thole punika prajurit ingkang mboten setya dhumateng paduka, ananging manawi wonten ngarsa padhuka ethok-ethok ngetingalake kasetyanipun”, ature prajurit kang sowan iku.

Sang Raja midhanget atur kaya ngana iku katon manthuk-manthuk lan katone ana sing di penggalih. Panjenengane banjur ngendika kanthi wicaksana,” dak tampa aturmu iku, nanging kowe saiki enggal
makarya maneh, isih akeh pagawean kang kudu dirampungake!”
“ Matur nuwun sinuwun”’ wangsulane prajurit iku kanthi ati kang marem banget, amarga rumangsa yen sang Raja percaya marang ature iku.

Sapungkure prajurit mau, sang Raja banjur menggalih lan nimbang-nimbang atur mau. Wekasane sang Raja kepingin mbuktekake kahanan kang sabenere. “ Aku kepingin Jaka Thole dadi bojone putriku kang nandhang wuta iku, yen dheweke nampik iku ateges apa kang diaturake prajurit mau bener, nanging yen dheweke gelem, iku ateges dheweke pancen setya marang aku lan apa kang di kandakake prajurit iku nyata luput,” ngendikane sang Raja marang awake dhewe.

Sang Raja banjur nimbali Jaka Thole lan dangu,” Jaka Thole apa kowe gelem dadi bojone Dewi Ratnadi?” . Kula purun sinuwun.” Wangsulane Jaka Thole mantep.

Kapethik Saka LKS Basa Jawa – Optimis.


1. Crita Jaka Thole iku kalebu jenise crita ….
a. fable
b. legenda
c. mite
d. sage

2. Kadadeyan apa kang ana ing crita Jaka Thole iku ….
a. Jaka thole dipitnah kara kanca prajurit
b. Jaka Thole didhupukake karo putri raja sing wuta
c. Jaka thole di catur dening para tamu
d. Dumaning sumber banyu saka tanceping tekening Dewi Ratnadi

3. Apa irah-irahan (judul) wacan ing dhuwur ?
a. panji laras
b. jaka lodhong
c. jaka kendhil
d. Jaka Thole

4. Kadadeyan pirang pada (alinia ) wacan ing dhuwur ?
a. 2
b. 3
c. 4
d. 5

5. Sapa jenenge bojone Jaka Thole ?
a. Dewi Ratnadi
b. Dewi Sekartaji
c. Dewi Rarayana
d. Dewi Shinta

6. Tembung loro utawa luwih kang digandheng (diraketake) dadi siji kanthi nyuda wandane, diarani …
 a. tembung entar
b. tembung surojo
c. tembung garba
d. tembung panyandra

Soal selengkapnya klik disini >>




26 Februari

Soal UTS 2 Kelas IX SMP Semester 2 TA 2015-2016

Soal UTS 2 Kelas IX SMP Semester 2 TA 2015-2016

1. Serat Tripama menika anggitanipun ….

a. Sri Mangkunagara IV

b. Sri Paku Buwana IV

c. R. Ng. Ranggawarsita

d. Sri Paku Alam VIII

2. Serat Tripama dipunanggit wonten ing sekar….

a. Sinom

b. Asmaradana

c. Dhandhanggula

d. Mijil 


3. Paraga ringgit ingkang kangge patuladhan ing Serat Tripama inggih menika ….

a. Sumantri

b. Adipati Karna

c. Kumbakarna

d. a, b, c leres

4. Harjuna Sasrabahu menika ratu ing negari ….

a. Hastina

b. Mahispati

c. Ngalengka

d. Ngawangga

5. Raden Sumantri saged kangge patuladhan jalaran ….

a. Raden Sumantri mbelani negarinipun

b. Raden Sumantri netepi tigang gegebengan inggih menika guna, kaya, purun

c. Raden Sumantri nggadhahi watak satriya

d. Raden Sumantri kepengin males kasaenanipun Harjuna Sasrabahu

6. Ingkang pikantuk sebatan “ditya Ngalengka aji” inggih menika ….

a. Kumbakarna

b. Sukrasana

c. Anoman

d. Rahwana

7. Dasanamanipun tembung diyu ingkang leres inggih menika ….

a. buta, yaksa, wil, danuja

b. yaksa, rewanda, maruta, her

c. rewanda, pragosa, wre, wil

d. bala kapi, diyu, baskara, her

8. Watak awonipun Raden Sumantri ingkang boten pantes dipuntulad inggih menika ….

a. mentala lan tegel mejahi rayinipun piyambak

b. wani dhateng ratu gustinipun

c. wani dhateng rakanipun Rahwana

d. a lan b leres

9. Kumbakarna saged kangge patuladhan jalaran ….

a. Kumbakarna netepi sumpah satriya males kasaenanipun ingkang raka Rahwana

b. Kumbakarna nggadhahi watak pinter, sugih kaprawiran, lan kendel

c. Kumbakarna anggenipun majeng perang namung mligi mbelani nusa, bangsa lan negarinipun Ngalengka,

boten mbelani Rahwana ingkang angkara murka

d. Kumbakarna nggadhahi watak satriya lan tansah mbelani ingkang leres


10. Surya Putra saged kangge patuladhan jalaran ….

a. Surya Putra netepi sumpah satriya lan badhe males kasaenanipun Duryudana

b. Surya Putra netepi tekad satriya tansah mbelani bebener

c. Surya Putra tansah mbangun miturut dhateng Dewi Kunthi

d. Surya Putra tresna dhateng sedherekipun para Pandhawa, senajan para Pandhawa menika benten bapa

11. Surya Putra menika ratu ing ….

a. Ngalengka

b. Hastina

c. Ngawangga

d. Mahispati

12. Surya Putra kaliyan Pandhawa menika pernahipun ….

a. sedherek tunggil bapa ibu

b. sedherek tunggil bapa

c. sedherek tunggil ibu

d.sedherek tunggil bapa benten ibu

13. Ingkang mejahi Surya Putra inggih menika …..

a. Duryudana

b. Werkudana

c. Adipati Karna

d. Arjuna

14. Ibunipun Surya Putra inggih menika ….

a. Dewi Citrawati

b. Dewi Kunthi

c. Dewi Sinta

d. Dewi Madrim

15. Serat Tripama menika dipuntujokaken kage ….

a. sedaya tiyang

b. para prajurit

c. nem-neman

d. para siswa

Yogyanira kang para prajurit

lamun bisa sami anulada,

kadya nguni caritane,

andelira sang Prabu

Sasrabahu ing Mahespati,

aran Patih Suwanda

lelabuhanipun,

kang ginelung tri prakara,

guna kaya purun ingkang den antepi,

nuhoni trah utama.

16. Miturut tembang ing dhuwur, kang pantes dadi patuladhan yaiku….

a. Prabu Sasrabahu

b. Patih Suwanda

c. Para Prajurit

d. Prabu Sasrabahu lan Patih Suwanda

17. Paraga kang dadi patuladhan ana ing serat Tripama kabeh ana 3 yaiku…

a. Patih Suwanda, Adipati Karna, Kumbakarna

b. Prabu Sasra bahu, Patih Suwanda, Kumbakarna.

c. Prabu Sasra bahu, Adipati Karna, Patih Suwanda.

d. Patih Suwanda, Para Prajurit, Kumbakarna.

18. Prabu Arjuna Sasrabahu menika ratu ing negari…

a. Ngastina

b. Ngamarta

c. Mahespati

d. Ngawangga

19. Serat Tripama menika dipuntujokaken kagem….

a. guru

b. siswa

c. seniman

d. prajurit

20. Wedhuse 12 lanang kabeh. Menawi kaserat ngangge aksara Jawa….


Selengkapnya DISINI

Soal UTS 2 Bahasa Jawa Kelas IX Semester 2 TA 2015-2016

Soal UTS 2 Bahasa Jawa Kelas IX Semester 2 TA 2015-2016

Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wus cumawis!
1. Tembung liya Pranatacara kaya ing ngisor iki kejaba….
a. pambiwara
b. pranataadicara
c. pranata titilaksana
d. juru paniti priksa

2. MC iku cekakan saka tembung ….
a. Mastery of Ceremony
b. Mastery Ceremony
c. Master of Ceremony
d. Magester of Ceremonial
3. Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan … .
a. caos seserepan dhumateng para rawuh
b. caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara
c. nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara
d. atur pangandikan ing salebetipun adicara
4. Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertos … .
a. paramasastra
b. unggah-ungguh
c. tatakrama
d. unggah-ungguh lan tatakrama
5. Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara/pamedarsabda saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun … .
a. pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.
b. pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.
c. Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.
d. Pranatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae.
6. Teks sesorah kang isine ngucapake salam marang para tamu minangka tanda sapa aruh lan pakurmatan, perangan sesorah:
a. Isi
b. Pambuka
c. Pangarep-arep
d. Panutup
7. Teks sesorah kang isine memuji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara saged kalaksanan kanthi lancar, perangan sesorah:
a. Isi
b. Pambuka
c. Pangarep-arep
d. Pamuji
8. Nalika sesorah wirasa dipatrapake karo swasana, upamane layatan boten sami kaliyan syukuran. Aja nganti gojegan. Kang ngono iku ateges wong sesorah iku nggatekake … .
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
9. Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken … .
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
10. Tiyang sesorah kedahipun patrap kaliyan swasana badan kedah teteg, jejeg, mantep, asta ngapurancang. Praen ulat sumeh, grapyak, ora besengut. Ateges nggatosaken … .
a. wicara
b. wiraga
c. wirama
d. wirasa
11.
1
Isi
2
Pangarep-arep
3
Pamuji
4
Pambuka
5
Panutup
Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika … .
a. 2, 3, 5, 1, 4
b. 4, 3, 1, 2, 5
c. 4, 2, 1, 3, 5
d. 4, 1, 3, 2, 5
12. Keparenga kula ingkang piniji panitya supados ngaturaken urut reroncening upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMP N 1 Wonosari Pereode 2014/2015. Tembungpiniji tegese ….
a. didhapuk
b. dijaluk
c. diprayogakake
d. ditindakake
13. Kula minangka pranata adicara, mbok bilih wonten galap gangsuling atur saestu kula nyuwun pangapunten. Tembung galap gangsuling atur tegese….
a. kaluputan panggonan/ papan
b. kaluputan anggone matur/ngomong
c. kaluputan wektu
d. kaluputan sandhangan/ dandanan
14. “Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki. Tembung “basuki” tegesipun ….
a. alangan
b. diajeni
c. diormati
d. slamet
15. Perangane pranatacara kang isine njaluk pangapura mbok menawa anggone matur/ngomong ana kaluputan , diarani ….
a. Pambuka
b. Isi
c. Ngatuarke acara siji mbaka siji kanthi wijang/cetha

d. Panutup



20 Soal DISINI

27 Mei

Prediksi Soal Bahasa Jawa UKK 7 SMP UAS 2 TA 2013/2014

Dr. Karyadi Dening : Eko WijionoRepublik Indonesia nalika semana wis dinyatakake mardika. Nanging ing saben kuthatentara Jepang isih ana. Tentara-tentara Jepang iku isih asikep gegaman cukup, kaya-kaya isihnduweni panguasa. Ing Semarang para pemudha pengin banget ngrebut senjata-senjata Jepangiku. Sawijining perembugan ngalami dalan buntu. Mula pertempuran ora bisa diendhani maneh.Para korban rubuh ing antarane sing lagi peprangan iku. Pertempuran lagi bisa leren nalikane anapanjaluk saka Gubernur Wongsonegoro.Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tentara Jepangtansah golek kesempatan kanggo nyilakakake utawa mateni rakyat Indonesia. Sawijining wektuana kabar menawa panyimpenan banyu ing Wungkal direbut sakelompok tentara Jepang. Wong-wong dadi padha sujana.
“ Wah, bahaya iki !” omonge sawenehing wong. “ Kita bakal mati kabeh yen tentara
Jepang menehi
racun ing panyimpenan banyu mau”.

“Kurang ajar !” omongane liyane. “ Kita ora kena meneng bae yen nganti Jepang ngrac
unpanyimpenan banyu ksb. Akeh sing bakal dadi korban yen banyu iku diombe dening pendhudhuk
Semarang”.“Apa durung ana wara
-
wara resmi ngenani banyu iku ?”

“ Kabar wis sumebar rata. Muga
-muga kabeh wong padha mangerteni. Lan kita uga kudunyebarake warta iki kanggo upaya jaga-
 jaga”.

“ Kowe bener. Tumindak iki kanggo jaga
-jaga anane tumindake Jepang sing pancen licik.
Jepang bisa tumindak apa bae tanpa duwe rasa kamanungsan”.
 Para pemimpin ing kutha Semarang uga wis krungu ngenani panyimpenan banyu Wungkalsing dikwasani dening saklompok tentara Jepang. Malah sadurunge prastawa iku ana pirang-pirang pulisi sing jaga panyimpenan banyu padha dipateni tentara Jepang iku.
“ Piye kedadeyan satemene? “ pitakone Gubernur Wongsonegoro.

“Polisi ingkang njagi
panyimpenan toya dipun tembaki Pak. Kathah pendhudhuk ingkang
sumerep kedadosan wau inggih ngalami kedadosan ingkang sami. Gugur katembak” jawabe anak
buahe sang Gubernur.
“Apa wis pasthi

yen panyimpenan banyu iku kena racun ?”.

“Warta ingkang kula tampi
pancen makaten. Pak. Criyosipun sampun wonten korban
saksampunipun ngginakaken toya saking ngrika”.

“Yen pancen ngono perlu dibuktekake maneh, menawa panyimpenan banyu iku kena
racun. Iki mbebayani banget. Kita bakal protes marang pimpinan Jepang ing Sema
rang”.
 Sawise nganakake rembugan, Gubernur banjur nimbali dokter Karyadi. Dokter iki isih enom.Panjenengane kepala laboratorium RS Purusara Semarang. Dokter Karyadi banget ditresnanidening masyarakat Semarang. Panjenengane pemudha patriotic.
“Panyimpenan
banyu iku akeh banget gunane. Meh kabeh pendhudhuk Semarang singnggunakake. Mula menyanga panyimpenan banyu ing wungkal mau. Priksanen apa bener
panyimpenan banyu iku wis klebon racun” prentahe Sang Gubernur marang dokter enom iku
.
………………………………………………….
 Kapetik saka : Penyebar Semangat
1. Sing diarani wacan bocah yaiku ….
 a. wacan, dongeng kanthi basa tulis kango para bocahb. wacan, dongeng kang didongengake dening bocahc. wacan, dongeng kancil nyolong timund. wacan, dongeng kang ditulis dening para bocah

2. Wacan bocah Dr. Kariyadi dikarang dening ….
 a. Dhiana Andriyani c. Eko Wijionob. Astuti Wulandari d. Kusnadi

3. Paraga utama ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku ….
 a. Adit b. Tentara Jepang c. Dewi d. Gubernur Wongsonegoro

4. Crita Dr. Kariyadi iku kadadeyan saka ……pada (alinia )
 a. 2 b. 3 c. 4 d. 5

5. Paraga-paraga ing wacan bocah Dr. Kariyadi yaiku …
 a. Gubernur Wongsonegoro, Tentara Jepang, Dr. Kariyadib. Tentara Jepang, Adit, Dewic. Dr. kariyadi, Amir, Dewid. Wongsonegoro, Eka Wijiono, Dhiana

6. Wacan Bocah iku bisa diwaca ing ….
 a. Gaul c. Jaya Baya, Penyebar Semangatb. Koran Jawa Pos d. Kartini

7. Ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia. Tembung serik pada karo …
 a. Iri dengki b. mangkel c. ngamuk d. Iri hati

8. Dewi bakal mbangun turut marang Ibuke. Tembung sarojo mbangun turut tegese ….
 a. ngalah b. manut,bekti c. mundur d. ngamuk nesu

9. Dewi wis prasetya ing atine, prasetya iku dasanamane ….
 a. ngenteni b. sabar c. ngalah d. janji

10. Panganggone basa iku ana loro yaiku …
 a. lisan lan tulis c. dongeng lan critab. tulisan lan wacan d. tulis lan tinulis

11. Ngirim kabar kanthi cara SMS iku kalebu basa …
 a. lisan–tulis b. singkatan c. lisan d. tulis

12. Nggunakake basa tulis kanggo ngandakake pesen utawa kabar bisa uga liwat …
 a. telpon b. layang/surat c. radio d. majalah

13. Nggunakake basa lisan iku kudune manut ing …
 a. tata tulise c. unggah-ungguhb. bukune d. tata ejaane

14. Tuladhane panganggone basa lisan, kaya ta …
 a. layang b. majalah c. ndongeng d. maca buku

15. Siti arep nyilih buku marang Lina kanca sabangkune, basa kang digunakake Siti yaiku basa ragam ….
 a. ngoko lugu c. krama andhapb. ngoko alus d. krama Inggil

16. Ukarane Siti nalika arep nyilih buku marang Lina yaiku …
 a. jeng Lina, mbok aku diampili buku cathetan basa jawa!b. Lin, aku nyilih bukumu cathetan basa jawa ya !c. Nuwun sewu, kaparenga kula ngampil cathetan basa jawa !d. Lin, buku gandhahan sampeyan dakampile sedhela bae!

17. Yen ngomong karo wong sing luwih tuwo iku arane …
 a. kandha b. ngendika c. matur d. guneman

18. Eyang nembe …… kaliyan dhayonipun.
 a. matur b. kandha c. ngendikan d. guneman

19. Pak Guru mboten saged ….. amargi putranipun sakit.
 a. dugi b. sowan c. rawuh d. dhateng
20. Bapak …….ing kamar ngajeng.
a. sare b. mlungker c. turu d. tilem

21. Pak, kula mangke badhe ….Arema ing Stadion Kanjuruhan, pareng nggih ?
 a. nonton b. nyawang c. mirsani d. ningali

22. “ Bu Guru menapa sampun nate …. Film Spiderman ? “ pit
akone Wati.a. mirsani b. ningali c. nyawang d. nonton

23. Tuladhane basa ngoko alus yaiku …
 a. Ton, bukumu iku lebokno tas ! c. Mbenjing kula wangsul enjingb. panjenengan apa wis dhahar ? d. Sinten ingkang kagungan buku punika ?

24. Tuladhane basa ngoko lugu ….
 a. peleme wis mateng-mateng ayo diundhui, Jon !b. Mbak Deby apa ora kersa ?c. Kula ajrih kaliyan Sawer d. Mugi-mugi panjenengan enggal dangan

25. Coba batangen cangkriman iki : anake di idak-idak emboke dielus-elus yaiku …
 a. suwal b. nanas c. becak d. andha